Albert Einstein

Albert Einstein
Albert Einstein, 1921
Lair(1879-03-14)14 Maret 1879
Ulm, Kingdom of Württemberg, German Empire
PatiApril 18, 1955(1955-04-18) (umur 76)
Princeton, New Jersey, USA
PadununganJerman, Itali, Switzerland, USA
Warga nagaraWürttemberg/Germany (1879–96)
Stateless (1896–1901)
Switzerland (1901–55)
Ostenrik (1911–12)
Jerman (1914–33)
Amérika Sarékat (1940–55)[1]
Alma materETH Zurich
University of Zurich
Kondhang ingGeneral relativity
Special relativity
Photoelectric effect
Brownian motion
Mass-energy equivalence
Einstein field equations
Unified Field Theory
Bose–Einstein statistics
BojoMileva Marić (1903–1919)
Elsa Löwenthal, née Einstein, (1919–1936)
BebungahBebungah Nobel babagan Fisika (1921)
Copley Medal (1925)
Max Planck Medal (1929)
Time Person of the Century
Karièr ngèlmiah
BabaganFisika
InstitutionsSwitserlan Patent Office (Bern)
University of Zurich
Charles University in Prague
ETH Zurich
Prussian Academy of Sciences
Kaiser Wilhelm Institute
University of Leiden
Institute for Advanced Study
Juru pamrayogya dhoktoralAlfred Kleiner
Juru pamrayoga liyanéHeinrich Friedrich Weber
Mahasiswa wigatiErnst G. Straus
Nathan Rosen
Tandha tangan
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox scientist with unknown parameter "box_width"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox scientist with unknown parameter "religion"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox scientist with unknown parameter "ethnicity"

Albert Einstein (Ulm, Württemberg, Jerman, 14 Maret 187918 April 1955) punika saged dipunanggep ngèlmuwan fisika teoretis ingkang ageng piyambak ing abad ka-20. Piyambakipun ingkang nyiptakaken téyori relativitas kaliyan ugi kathah nyumbang ing babagan pangembangan téyori mekanika kuantum, mekanika statistik, kaliyan kosmologi. Ing warsa 1921 piyambakipun angsal panganugrahan Nobel ing Fisika kanggé wedaranipun prakawis efek fotoelektrik kaliyan "pengabdenipun marang Fisika Teoretis".

Satelasipun téyori relativitas umum dipunrumusaken, Einstein dados misuwur saubenging donya. Prakawis punika boten biyasa kanggé para ngèlmuwan. Ing wayah sepuhipun, anggènipun misuwur nglangkungi sadaya ngèlmuwan ing sajarah fisika. Ing budaya populèr Einstein kaanggep sinonim kaliyan kapinteran utawi malahan kaliyan jenius. Pasuryanipun dados ingkang salah satunggaling ingkang dipuntepangi sadonya. Ing warsa 1999, Einstein "Tiyang Abad Sapunika" déning majalah Time. Kapopulèranipun ugi ndamel nama "Einstein" wiyar dipun-gunakaken ing donya iklan saha barang dagangan sanès. Wusananipun nama "Albert Einstein" dipundaftaraken dados merk dagang.

Kanggé miwiti, satunggiling unit fotokimia dipunwastani einstein, satunggaling unsur kimia dipunwastani einsteinium, saha satunggaling asteroid dipunwastani 2001 Einstein.

Rumus Einstein ingkang misuwur piyambak:

  1. Hans-Josef, Küpper (2000). "Various things about Albert Einstein". einstein-website.de. Diarsip saka sing asli ing 2011-07-22. Dibukak ing 2009-07-18.

Developed by StudentB